Info Sekolah
Jumat, 17 Apr 2026
  • Selamat Datang di Website SMK Muhammadiyah 2 Gresik. Islami - Siap Kerja - Siap Kuliah - Siap Wirausaha
  • Selamat Datang di Website SMK Muhammadiyah 2 Gresik. Islami - Siap Kerja - Siap Kuliah - Siap Wirausaha
17 April 2026

Bingung Sekolah? Ojo Mung Bingung, Le!

Jum, 17 April 2026 Dibaca 3x Blog

Awan kuwi neng kantin sekolah, ana telung bocah kelas IX SMP lagi nongkrong. Tas isih nemplok neng punggung, sepatu isih bledug, rai padha kaya wong mikir masa depan… nanging pesenané mung es teh karo gorengan sak piring dipangan bareng.

Roni ngelus dada, terus ngomong karo rai serius.
“Wes meh lulus ngene, aku kok isih bingung yo. Arep sekolah nang endi.”

Toni langsung nyeletuk,
“Lho, kowe iki bingung sekolah apa bingung cah wedok?”

Raisa langsung ngguyu.
“Deloken, durung lulus wae pikirane wes mblarah.”

Roni mbrengut.
“Aku iki serius, rek. Wong bapakku saben dina takon, ‘wis mutusno durung?’ Lha aku mung iso mangsuli, ‘isih tak rembug karo nasib, Pak.’”

Toni nganti keplok meja.
“Hahaha! Dirembug karo nasib. Nasibmu yo bingung diajak rembugan.”

Raisa nyruput es teh, terus ngomong alon nanging ngena.
“Ngene lo, Ron. Milih sekolah kuwi ojo mung merga cedhak, ojo mung merga melu kanca, lan ojo mung merga seragamé apik. Sing penting masa depanmu.”

Roni manthuk-manthuk, senajan ketoke isih setengah bingung.
“Lha terus sing penak nang endi?”

Toni langsung lungguh jejeg, kaya juragan seminar.
Bingung milih sekolah? Daftar ae nang SMK Muda Gresik!

Roni mandeng Tono.
“Wah, iki wong tak kira kancaku, jebul duta sekolah.”

Raisa ngguyu.
“Ning ora salah, sih.”

Toni nerusaké karo gaya sok bijak.
“Yo jelas. Wong milih sekolah kuwi kudu sing nggawe awakmu tambah pinter, nduwé skill, lan ora mung dadi spesialis titip absen.”

“Eh, kuwi nyindir sapa?” takone Siti.

Toni langsung nyengir.
“Ora nyindir sapa-sapa. Mung nyegah Roni ben ora dadi legenda kelas.”

Roni mbales,
“Sing penting aku ora dadi legenda gorengan, teka warung terus utange nambah.”

Kabèh langsung ngguyu.

Raisa banjur ngomong maneh,
“Pokoké ngene. Nek kowe pengin sekolah sing iso dadi bekal masa depan, ojo kakean galau. Daftar ae nang SMK Muda Gresik.

Roni meneng sedhela, terus ndelok gelase sing wis entek.
“Iyo yo… aku iki saben dina bingung, padahal solusi kok cedhak.”

Toni langsung nyaut,
“Ya jelas cedhak, sing adoh kuwi cita-citamu nek ora diuber!”

“Waduh!” ujare Roni. “Ngomongmu saiki kaya motivator warung.”

Raisa mesem.
“Sing penting dudu motivatoré, tapi kowe gelem obah. Ojo nganti lulus mung oleh ijazah, nanging arah uripmu isih muter-muter kaya kipas angin.”

Roni ngguyu, terus ngadeg karo semangat.
“Yo wis! Tak omongké nang omah. Bingung milih sekolah? Daftar ae nang SMK Muda Gresik!

Toni manthuk bangga.
“Nah ngono. Wong urip kuwi ojo mung bingung. Soale bingung ora iso didaftarno, sekolah iso.”

Kantin sekolah awan kuwi langsung pecah karo ngguyu. Ning saka obrolan sing guyonan kuwi, Roni akhiré mulai ngerti: milih sekolah kuwi ora kudu nunggu pinter dhisik, nanging kudu wani milih langkah sing bener.

Artikel ini memiliki

0 Komentar

Tinggalkan Komentar